Jujur
Pancen angel...
Pancen susah...
Apa maneh yen salah
Ora bakal muni
Jajal
delokna kae
Gayane
ngaku bener
Nanging durung
mesthi pener
Mung gawe
pantes-pantes salahe
Kasunyatan sing ana ing kene
Ana jujur dikira ajur
Padahal ya marake makmur
Wiwite jujur mesthi susah nanging mburine
mesthi bungah
Adil
Adila dadi pejabat?
Adila dadi rakyat?
Adila dadi wong sugih?
Adila dadi wong mlarat?
Adil
kuwi angel yen diangel-angel
Bisa
adil marang liyan kuwi apik
Apik
gawe siji lan sijine manungsa
Adil
dudu kelakuan sing ala,ananging mulya
Ora kabeh wong bisa adil
Namung wong kuwi sing wegah adil
Apa maneh dikon adil
Di kon jujur wae wegah
Amanah
apa kuwi amanah?
Apa iseh sedulur karo fatonah?
Amanah.....
Ndak ya menepati janji?
Jajal
diangen-angen
Menawa
bener maknane
Terus
sapa sing kudu amanah
Wong
gendheng,genjik,apa koruptor?
Jarene amanah kuwi abot sanggane
Lha apa nyunggi kayu sak pikul
Jajal tak takon maneh
Apa kuwi amanah?
Seneng
Nguya-nguyu
Mesam-mesem
Ati bungah merga seneng
Seneng saka polahe dewe
Delok
wong sing disayang dadi seneng
Merga
seneng iku saka ati
Kebeneran
yen bisa seneng
Mbok
kepeksa naning ora bakal sengsara
Ngapusinan
Ngapusi kuwi kepenak
Ananging kowe gelem diapusi
Ngapusi marake lara ati
Apa maneh ngapusi gawe seneng
Mikir...?
Yen ngapusi kuwi
kepenak
Mikir....?
Yen ngapusi kuwi
barakah
Aja padake panduwurane dewe
Sithik-sithik ngapusi
Sing jare gawe nyarutang
Nyarutang utange merga klakuane dewe
Sabar
Sabar akeh berkahe
Sabar methi akeh godane
Sabar kuwi salah sijine jurus
Juruse wong urip ing alam ndonya
Wong
sing akeh sabare
Mesthi
akeh senenge
Sabar
kuwi ana batese
Jare
sapa ?
Ora kabeh wong gelem sabar
Karepe menang dewe
Ora perduli liyane
Sabar wae wegah apa maneh ngalah
Banjir
Banyu mbuladg turut dalan
Nganti-anti tekan gedunge penduwuran
Ilmune lingkungan,jare gaweyan
Gaweyane sapa ora ngerti
Ora
ngerti apa ora ngaku
Bolongan
dibumpeti
Kali
diregeti
Klakoane
manungsa dhewe
Dadi ora usah bingung
Banjir teka
Banjir nyusahke
Pancen nyusahke merga kosokbaline
Longsor
Gundhul,gundhul,gundhul...
Wes kethel alase
Kok ya dicukur gundhul
Iyan nek tukul maneh wiwitane
Saiki
wes akeh kedadeyan longsor
Lara,duka
lan sedih sing dirasake
Merga
tangane clutak
Negor
wiwitan sak penake udele
Ora ana tanggung jawabe
Yen disalahke wegah
Ngangkloh wae yen wis nampa akibate
Mung diguyu karo lemah sing ngubur urip-urip
awakmu
Alas diobong
Limang meter ora ketok
Sakmeter ngiyip-ngiyip
Dadane seseg
Watuke njegigis
Kepenake
dhewe wae sing dipengenke
Ora
ngerti wong liya disengsarake
Jajal
takoni ?
Kenang
ngopo alas iki diobong?kowe ngerti?
Jawabne mung gedhek-gedhek
Njur arep nyalahke sapa?
Apa ngerti sing ngobong?
Yen wani ngobong ya tanggung jawab
Nrimo
Senajan iluhku sing kudu tumetes
Pancen kudu tak lakoni
Lara atiku tansah lara
Merga pangucapmu tanpa tata
Wicara
kang ngelantur
Marai
ati iki kudu sareh
Aku
wis ora ana ajine marang pandelenganmu
Apa
maneh marang atimu
Wiwitan
ketemu
Klambi biru rok sepan abang
Nalikane ketemu wakmu ing sebelahe greja tuwa
Mesam-mesem,glecam-glecem
Marai degdegan
Wiwitan
ketemu ing sasi wolu
Ora
dinyana nyenggol tanganmu
Nalikane
ana tontonan orkes melayu
Tanganmu
tengen nyangking kresek wadah satru
Kabeh mau ora dipeksa
Apa maneh disengaja
Sing penting awaku seneng ketemu awakmu
Lan muga-muga bakal ketemu
Lalinan
Telung puluh taun kapungkur kulitmu isih alus
Pipine ijeh menus-menus
Ambune kringet tur ora prengus
Saiki
yuswa panjenengan sampun wolongpuluh taun
Sing
maune ayu dadi mengkerut
Awit
saka kulit,untu,lan rambut
Lalinan karo samubarang
Anak,mantu,uga putu
Nalikne dolan mesthi kesasar
Apa wes dadi kodrate panjenengan
Setahun
Pas wis setahun ing tanggal rongpuluh sasi
sepuluh
Anggone bapa gelem ngrumati nagari
Rakyatmu akeh sing sumringah
Malah uga akeh sing susah
Menapa
panjenegan kesupen kaliyan janji-janji
Nyatanipun
rakyat sami dados susah
Masalah
bbm lan sandang pangan
Kang
kayane dadi memedi
Sakbanjure apa bapa purun
Purun nyenengake atine kawulane
Bilih boten bapa sinten malih?
Mergane bapa panguasa kang wonten ing mriki
Asu
sing kaya manungsa
Kudu nangis batin iki
Nyawang adiku didadeke sasaran
Sasarane asu sing doyan susu
Lan asu sing nduwe napsu
Uteke
apa ora dianggo
Apa
mung digawe ganep-ganep isine ndasmu
Wong
ya durung wayahe adiku nglakoni
Wes
mok peksa kudu gelem nglakoni
Karepmu kuwi apa
Arep ngrusak morale adhi-adhiku su?
Jajal neg sing mok rusak kuwi adhimu dewe
Apa kowe ora kelara-lara su asu!
Kangen
Kangen lho kangen
Wong ayu sing dadi pepujanku
Ora esuk,awan,lan wengi
Mesthi ning pikiranku kuwi awakmu
Mesam-mesem
ning ngarep kaca
Nganti-nganti
simboku dak celuk jenengmu
Kudu
isin ananging kangen
Wes
pokoke kangen karo awakmu
Politik
Ngomongke politik ora ana rampunge
Rampunge yen politik kuwi ora ana
Politik ilang negara apa bisa mlaku
Ketoke ya mung apus-apus
Uwis
tau krungu
Ana
salah sijine wong muni”anti politik”
Gayane
anti politik padahal mangan ya seka politik
Bener
apa ora?
Kok ora percaya piye
Mangan,bensin,ya saka politik
Mosok yo tegel ngomong anti politik
Uwis to mbok ya aja pada munafik
Rembulan
Rembulane wis katon
Radha padang radha peteng
Kayata aku iki
Kang ijeh bingung
Bingung
kerana awakmu
Bingung
karo atimu
Solah
bawamu
Kang
saya suwi saya ora cetha
Apa rembulan iki pertanda
Pertanda kang apa sing tak rasake
Rasa kuciwa
Uga rasa lara kang ora ana lebare
Suwara
Suwara jangkirk
Suwara jenggeret
Apa isih padha krungu?
Yen ora salah ijeh krungu nalikane limalas
taun kepungkur
Saiki
suwara apa sing kerep krungu?
Suwarane
wong padu
Apa
suwarane rakyat marang pemerintahe
Hahahahahhahaha,tapi
aja nganti edan merga suwara ya?
Merga
sliramu
Merga sliramu aku gelem
Gelem ngenteni sak balimu
Merga sliramu aku dadi
Dadi gendheng ora karuan
Merga
sliramu aku kangen
Kangen
mangan pecel ing pinggir balai
Merga
sliramu aku mati
Mati
rasa ora kaya biasane
Eling
Eling jaman semana
Nuntun pit onthel bareng
Bareng-bareng njegur sawah
Nganti ora ngerti wayah
Eling
jaman semana
Kelas
loro SMA ing kecamatan
Mlaku
menyang kantin wong loro
Menyang
perpustakaan wong loro
Saiki wes padha omah-omah
Awakmu karo jodhomu
Aku karo jodhoku
Sing penting eling jaman semana awakmu karo
aku
Globalisasi
Iki jaman globalisasi
Akeh bocah ora gelem ngaji
Senengane ngemek gadget ndelengi tipi
Sing ditiru wong luar negeri
Rok
mini diuri-uri
Geguritan,kethoprak,ngrawit
dadi sambi
Klambi
katon udele dilestarike
Kon
gotong royong akeh alesane
Globalisasi...globalisasi
Sapa katut bisa dituntut
Globalisasi...globalisasi
Kok ngayelke ati
Kanca
Kancaku sak panggonan turu
Turu bareng ing omah cilik
Susah seneng bareng-bareng
Luru pangan ya sambatan
Kanca
kuwi sedulur cepakku
Sing
adoh saka wong tuwaku
Muga-muga
kancaku pada rukun satuhu
Waras
awake waras pikirane
Terminal
kalisidi
Anggonmu lunga sing dadi saksi
Saksi janji arep mulih ing sasi siji
Terminal kalisidi isih ngadek ndegegeg
Saksi bisu janji lamismu
Saiki
nendi ragamu
Wes
ora katon ing terminal iki
Apa
wus dadi wong sugih kok ora mulih
Loby B8
Njagong isng sisih kiwa saka njaba
Nyawang aku sing mlaku menyang lantai telu
Karepe pengin kirim salam
Nanging isin karo kahanan
Rupamu
kaya bintang pilem
Nanging
jarene..
Orapapa
sing penting loby B8 dadi panggonan
Panggonan
wiwit ketemu awakmu
Ora
mesthi
Ora mesthi sing apik kuwi ala
Sing ala kuwi apik
Saiki akeh wong sing njobo apik
Njerone reget
Mboh
napa kok bisa ngono
Apa
wis watake?
Nanging
pas ketemu kok apike sing ditoke
Ora
alane sisan wae
Rendhengmu
dikangeni
Wus radha dawa anggonmu ora ana
Wus radha suwi banyumu tekan ana bumi iki
Mangasmu wus dianti-anti
Karo dulurmu ing ngisor iki
Ndang
sabana ya?
Kabeh
padha ana perlu
Gawe
nyambung uripe
Uripe
sing kaya liyane
Konservasi
Jerene konservasi?
Kok isih ana sampah ing kalen
Jarene konservasi?
Kok wit-witan ditegori
Konservasi
mung dadi embel-embel
Ben
nduwe jeneng luwih saka tunggale
Konservasine
diganti wae
Dadi
konsere wong gendheng
Kahanane
Kuthane apik ndesane kosek
Dalane aspal ndesane gampang
Kahane sing tak rasake
Apa sing marai sugih ki kuthane?
Nanging
yen tak kira ya ndesane
Beras,kopi,jagung,saka
endi
Kabeh
kuwi ya hasile wong ndesa
Ngopo
pembangunan kok ora digateke
Sakkarepe
Sak karepe meh dipiyeke
Sak karepe meh diomong piye
Penting aku ora ana sangkut paute karo kowe
Ora tau ngurusi urusanmu
Ja
meneh dolan bareng
Makani
aku wae ora tahu
Ben
sak karepe
Sing
penting ora mencla-mencle
12 Taun
Wis dicanangke pendidikan wajib 12 taun
Nanging apa kang nyebabke pendidikan ora payu
Sak ngertiku 12 taun sekolah kuwi wis gratis
Nanging tetep wae ora payu
Lha
kok bisa?
Jarene
sing ana gayutane golek dhuwit carane pengemis
Munine
sumbangan sukarela
Nyatane
kok minimale rong juta
Tembang
cilikanku
Tembang cilikanku wus ora krungu
Lir ilir,padang mbulan
Kuwi judul tembangku
Nalikane aku kelas telu
Saiki
gantine Aku mah apa atuh
Judul
lagu kanggone wong gedhe
Tembang
cilikanku dirumati sapa
Yen
ora adhi-adhi sak ngisoranku
Musibah
Musibah ora bakal teka
Yen ora diundang
Musibah ora marake susah
Yen ora digugah
Musibah
saiki akeh sing digawe
Nanging
pada sedih ing tembe burine
Lha
karepe ki piye?
Manungsane
pada gedheg-gedheg wae
Ekspor
Mature sulaiman wis wani ekspor
Jagunge sakjuta ton
Berase rongjuta ton
Kopine limangngatus ewu ton
Ekspore
wis dibeneake
Devisane
wis bakal gedhe
Ora
ketang utang ijeh mrana mrene
Sing
penting bisa nyaure
Tkw
Adoh anak bojone
Adoh simbok lan bapane
Adoh saka tangga teparone
Mung golek pangupa jiwane
Ing
negarane dadi kere
Sakwise
mulih dadi Tkw
Akeh
dhuwite
Lan
cepet sugihe
Pawarta
ingkang nembe tumut
Ngemutaken
babagan rasa
Rasa bingah
ingkang katah
Dumugi
gantos rasa susah
Pawarta ing pungkasan
Pawarta mijil saking ati
Ngraosaken kahanan ingkang boten
mesthi
Ananing,purun boten purun
ingginh diraosaken
Muni saka cangkem
Woi...woi...woi
Tulung,tulung,tulung
Dadaku
seseg,irungku bumpet
Langit
katon mak prepet
Cangkemku muni
salju...salju...salju
Nanging,Kok ora bening tur anyes
Aku takon karo sisihku,iki ana
apa?
Jawabne mung ngelusi dada
Namung tembang
Namung
tembang sakmenika
Tembangipun
dhandhanggula
Larasipun
laras slendro pathet sanga
Wiwitane
larasipun “RO”
Nyariosaken babagan maguru
Maguru pados nglemu
Kaliyan guru kang becik
martabtipun
Sakmenika ingkang pantes dipun
kawruhi
Purnama pratandha tresna
Ing sasi
sura iki
Nyeywuwun berkahing
Gusti
Linambaran
rasa syukur
Merga ntes
nemokake widodari
Alise nanggal sepisan
Nalikane ketemu papasan
Irunge mancung tandha katresnan
Lambene abang kaya las-lasan
Saknalika
tresna kudu tresna
Namung
sapisan nyawang
Naning ora
dinyana
Purnama iki
tandha katresnan
Ngisor lan dhuwur
Kasunyatane
ana ing pandelenganku
Sing ing
ndhuwur Omahe gedhe manggrung-manggrung
Sing ing
ngisor omahe cilik kaya wc umum
Endhi sing
jenenge “MENSEJAHTERAKAN RAKYAT”
Yen kabeh kuwi pada sawangane yo
kepenak
Ora ana
iren-irenan,serik-serikan,uga paten-patenan
Dhuwurmu merga ana sing ing
ngisormu
Dadi aja kemlinti yen gek neng
dhuwur,neg ora pengen ajur
Kertas Dadi Tangisan
Mulih
kuliyah ati sumringah
Saktekane
lawang ana kresek dicantelke gembokan
Nyelehke
tas ing jubin putih
Banjur
mbuka isine kresek mau
Jebul isine tulisan layang
Layang sing tak kira layang
tresna
Jebulane layang sing marake lara
Layangmu muni AKU PENGEN PISAH
KARO AWAKMU!
Aja salahke
Aja salahke
sing nonton udelmu
Yen kaose
adhimu ijeh mok enggo
Aja salahke
sing ndemek
Yen
bolongan ing bokong mlotrok
Ngko munimu kurang ajar
Nyatane yo mbok ajari to nduk
Wong kok ora gelem mikir
Mikira yen kabeh mau tetep ana
jalarane
Seje ati seje lati
Apa sing
tak rasake pancen bener
Tuluse
tresnaku marang awakmu
Dibales
cidra kang marai lara
Pancene
bener bayanganku
Seje atimu seje latimu
Dekbiyen ngomong janji suci
Tibane buri janjimu palsu
Oalah mung ngedemke atiku
Solah
bawamu,wicaramu,lugumu ing ngarepku
Beda ing
mburiku
Saiki wes
kana sakkarep-karepmu
Aku wes
madhep mantheb ora kepengen kenal awakmu
Aluwung meneng
Menawi
boten mangertos menapa-menapa
Leresipun
nggeh mendhel kemawon
Ampun
ngantos sok keminter
Mundhak
mangkih dados keblinger
Bilih badhe matur inggih wonten
dasaripun
Boten asal matur nganti-nganti
nglantur
Becikipun inggihb menika
sekedhik matur
Dados boten wonten aranipun
kemaki
Sing waras ora laras
Saiki akeh
sing ora pati laras
Wong waras
ora laras
Wong
gendheng dadi pitakonan nomer
Nomer togel
sing marai mangkel
Ngimpi jaran jare sewelas
Ngimpi gigal seko amben jare meh
enthuk cilaka
Tulunga dipikir kanthi bener
Ben ora dadi mumet
Sing waras
yo digunake warase
Sing
gendheng yo ben gendheng
Apa pengin
dadi gendheng
Ora
klambinan,ora katokan lan ora sempakkan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar