“Loro
atiku”
Rasa kuwi opo wes raono
Opo mung lati sing mung muni
Awakmu saiki wes bedo
Nalikane aku bali makaryo ing
monconegoro
Opo
ora kelingan janji suci sing mok omongke
Opo
wes ana sing liyo
Opo mergo
kesuwen leh ku kerjo
Banjur
saiki awakmu tego ninggalke aku
Saiki awakmu wes nduwe priyo liyo
Wes amangun keluargo
Mung aku pesen ojo larani atine
Lan dadio bojo seng gemati ndonya nganti
akhirat
“Merantau”
Madep mantep marang gusti
Sing aweh panguripan ing ndonya
Nemoake jatidiri awaku
Aku kudu lungo
Pamit
wong tuwo,tonggo teparo,konco lan bakal jodohku
Anggonku
arep ngadu nasib ngen dadi mulyo
Kudu
tak lilakno
ora awor karo
wong-wong sing tak tres
kanthi modal mantep lan ijazah
aku budal golek gaweyan
ora mung sekilo,rong kilo tapi wes nglewati
segara
bismilah mugo-mugo angen-angenku ora
mung abab tok
“biyung”
biyung,bapa jiwamu jiwa satriya
menapa ingkang dikarepke anakmu mesti
dituruti
Kerja sak wontene kerja dilakoni
namung damel anakmu ingkang nganyolke
ati
biyung,bapa
mugi gusti ngijabahi
Punapa
ingkang dados kekarepanipun biyung,bapa
biyung
matursuwun sanget kagem sedaya kemawon
Kulo
namung sakdima ndongaken biyung kaliyan bapa
biyung,bapa sugeng nggih
Supados kepanggih suksesipun kula
biyung,bapa kulo nyuwun dongaken kula
matursuwun,matursuwun,matursuwun
“Angen-angen”
Kadang sugih dadi pangarepane wong
Kadang mung bondho sing ditumpuk-tumpuk
Kadang ora eling yen bondho kuwi bisa
sirna
Lan kadang uwong sok sumugih gen diajeni
wong
Wiwit saiki ayo
podo mikira?
Sugih,kere,pejabat,rakyat,kuwi
wes ono sing ngatur
Ojo kuwatir yen
uripmu ora diurus karo sing kuwoso
Mung kowe kuwi
kudu sabar,usaha,ndonga,lan tawakal
Lan syukuri opo
sing wes diparengake saka kang kuwoso
“Penguasa”
Penguasa ing jagad raya
Wes ora perduli karo rakyate
Sing ana nyugihke bandha
Ora ngerti nasibe kawulane
Penguasa..penguasa...
Polahe wes ora genah
Anane kok gawe susah
Snadyan kawulane susah
Ora gelem nglirik malah bungah
Penguasa......
Uwis kakean
janji
Uwis kakean abab
Uwis kakean idu
Uwis kakean orasi
Penguasa......
Janjimu janji plasu
Kawulane pengen urip mulya
Ora pengen ndeloki polahmu sing wes kaya
kewan
Kabeh sing ing ngarepe mata dipangan
“urip”
Urip sing apik ora gawe susah
Mung kudu iso tetep bungah
Ora usah bingung karo kahane ndonya
Mergo ndonya ora bisa dijaga
Urip kepenak
kuwi ora ninggalke jujur
Ora ana jujur
kok ajur
Urip kuwi ora
usah sombong
Neg sembarang
ijheg njaluk tulung uwong
urip kudu nduwe prinsip
ngen ora bubrah sekabehane
urip mung sespisan kudu dinikmati
mergo nikmate urip kuwi mung sepisan
“ndonya”
kahannane ndonyan wes ora bisa dikira
para manungsa sing ora tanggung jawab
saka polahe marang alame
banjur saiki alam wes wegah manut karo
manungsane
alas digunduli
sakpenake dewe
tibone longsor
nangis ngrintih-rintih
sampah wes panting
kececer
nalikone banjir
podo bingung
manungso kudu bisa njaga opo sing wes
diwenehi gusti
ora malah ngrusak ,ngremehke kang sing
wes dititipke gusti
ndonya we tuwo alame dijogo
nganti kiamat sesok sing ngleburke kabeh
kang ono ing ndonya
“Jujur”
Pancen angel...
Pancen susah...
Apa maneh yen salah
Ora bakal muni
Jajal
delokna kae
Gayane
ngaku bener
Nanging durung
mesthi pener
Mung gawe
pantes-pantes salahe
Kasunyatan sing ana ing kene
Ana jujur dikira ajur
Padahal ya marake makmur
Wiwite jujur mesthi susah nanging
mburine mesthi bungah
“Adil”
Adila dadi pejabat?
Adila dadi rakyat?
Adila dadi wong sugih?
Adila dadi wong mlarat?
Adil
kuwi angel yen diangel-angel
Bisa
adil marang liyan kuwi apik
Apik
gawe siji lan sijine manungsa
Adil
dudu kelakuan sing ala,ananging mulya
Ora kabeh wong bisa adil
Namung wong kuwi sing wegah adil
Apa maneh dikon adil
Di kon jujur wae wegah
“Amanah”
apa kuwi amanah?
Apa iseh sedulur karo fatonah?
Amanah.....
Ndak ya menepati janji?
Jajal
diangen-angen
Menawa
bener maknane
Terus
sapa sing kudu amanah
Wong
gendheng,genjik,apa koruptor?
Jarene amanah kuwi abot sanggane
Lha apa nyunggi kayu sak pikul
Jajal tak takon maneh
Apa kuwi amanah?
“Seneng”
Nguya-nguyu
Mesam-mesem
Ati bungah merga seneng
Seneng saka polahe dewe
Delok
wong sing disayang dadi seneng
Merga
seneng iku saka ati
Kebeneran
yen bisa seneng
Mbok
kepeksa naning ora bakal sengsara
Ngapusinan
Ngapusi kuwi kepenak
Ananging kowe gelem diapusi
Ngapusi marake lara ati
Apa maneh ngapusi gawe seneng
Mikir...?
Yen ngapusi kuwi
kepenak
Mikir....?
Yen ngapusi kuwi
barakah
Aja padake panduwurane dewe
Sithik-sithik ngapusi
Sing jare gawe nyarutang
Nyarutang utange merga klakuane dewe
“Sabar
“
Sabar akeh berkahe
Sabar methi akeh godane
Sabar kuwi salah sijine jurus
Juruse wong urip ing alam ndonya
Wong
sing akeh sabare
Mesthi
akeh senenge
Sabar
kuwi ana batese
Jare
sapa ?
Ora kabeh wong gelem sabar
Karepe menang dewe
Ora perduli liyane
Sabar wae wegah apa maneh ngalah
“Banjir”
Banyu mbuladg turut dalan
Nganti-anti tekan gedunge penduwuran
Ilmune lingkungan,jare gaweyan
Gaweyane sapa ora ngerti
Ora
ngerti apa ora ngaku
Bolongan
dibumpeti
Kali
diregeti
Klakoane
manungsa dhewe
Dadi ora usah bingung
Banjir teka
Banjir nyusahke
Pancen nyusahke merga kosokbaline
“Longsor”
Gundhul,gundhul,gundhul...
Wes kethel alase
Kok ya dicukur gundhul
Iyan nek tukul maneh wiwitane
Saiki
wes akeh kedadeyan longsor
Lara,duka
lan sedih sing dirasake
Merga
tangane clutak
Negor
wiwitan sak penake udele
Ora ana tanggung jawabe
Yen disalahke wegah
Ngangkloh wae yen wis nampa akibate
Mung diguyu karo lemah sing ngubur
urip-urip awakmu
“Alas
diobong”
Limang meter ora ketok
Sakmeter ngiyip-ngiyip
Dadane seseg
Watuke njegigis
Kepenake
dhewe wae sing dipengenke
Ora
ngerti wong liya disengsarake
Jajal
takoni ?
Kenang
ngopo alas iki diobong?kowe ngerti?
Jawabne mung gedhek-gedhek
Njur arep nyalahke sapa?
Apa ngerti sing ngobong?
Yen wani ngobong ya tanggung jawab
“Nrimo”
Senajan iluhku sing kudu tumetes
Pancen kudu tak lakoni
Lara atiku tansah lara
Merga pangucapmu tanpa tata
Wicara
kang ngelantur
Marai
ati iki kudu sareh
Aku
wis ora ana ajine marang pandelenganmu
Apa
maneh marang atimu
“Wiwitan
ketemu”
Klambi biru rok sepan abang
Nalikane ketemu wakmu ing sebelahe greja
tuwa
Mesam-mesem,glecam-glecem
Marai degdegan
Wiwitan
ketemu ing sasi wolu
Ora
dinyana nyenggol tanganmu
Nalikane
ana tontonan orkes melayu
Tanganmu
tengen nyangking kresek wadah satru
Kabeh mau ora dipeksa
Apa maneh disengaja
Sing penting awaku seneng ketemu awakmu
Lan muga-muga bakal ketemu
“Lalinan”
Telung puluh taun kapungkur kulitmu isih
alus
Pipine ijeh menus-menus
Ambune kringet tur ora prengus
Saiki
yuswa panjenengan sampun wolongpuluh taun
Sing
maune ayu dadi mengkerut
Awit
saka kulit,untu,lan rambut
Lalinan karo samubarang
Anak,mantu,uga putu
Nalikne dolan mesthi kesasar
Apa wes dadi kodrate panjenengan
“Setahun”
Pas wis setahun ing tanggal rongpuluh
sasi sepuluh
Anggone bapa gelem ngrumati nagari
Rakyatmu akeh sing sumringah
Malah uga akeh sing susah
Menapa
panjenegan kesupen kaliyan janji-janji
Nyatanipun
rakyat sami dados susah
Masalah
bbm lan sandang pangan
Kang
kayane dadi memedi
Sakbanjure apa bapa purun
Purun nyenengake atine kawulane
Bilih boten bapa sinten malih?
Mergane bapa panguasa kang wonten ing
mriki
“Asu
sing kaya manungsa”
Kudu nangis batin iki
Nyawang adiku didadeke sasaran
Sasarane asu sing doyan susu
Lan asu sing nduwe napsu
Uteke
apa ora dianggo
Apa
mung digawe ganep-ganep isine ndasmu
Wong
ya durung wayahe adiku nglakoni
Wes
mok peksa kudu gelem nglakoni
Karepmu kuwi apa
Arep ngrusak morale adhi-adhiku su?
Jajal neg sing mok rusak kuwi adhimu
dewe
Apa kowe ora kelara-lara su asu!
“Kangen”
Kangen lho kangen
Wong ayu sing dadi pepujanku
Ora esuk,awan,lan wengi
Mesthi ning pikiranku kuwi awakmu
Mesam-mesem
ning ngarep kaca
Nganti-nganti
simboku dak celuk jenengmu
Kudu
isin ananging kangen
Wes
pokoke kangen karo awakmu
“Politik”
Ngomongke politik ora ana rampunge
Rampunge yen politik kuwi ora ana
Politik ilang negara apa bisa mlaku
Ketoke ya mung apus-apus
Uwis
tau krungu
Ana
salah sijine wong muni”anti politik”
Gayane
anti politik padahal mangan ya seka politik
Bener
apa ora?
Kok ora percaya piye
Mangan,bensin,ya saka politik
Mosok yo tegel ngomong anti politik
Uwis to mbok ya aja pada munafik
“Rembulan”
Rembulane wis katon
Radha padang radha peteng
Kayata aku iki
Kang ijeh bingung
Bingung
kerana awakmu
Bingung
karo atimu
Solah
bawamu
Kang
saya suwi saya ora cetha
Apa rembulan iki pertanda
Pertanda kang apa sing tak rasake
Rasa kuciwa
Uga rasa lara kang ora ana lebare
“Suwara”
Suwara jangkirk
Suwara jenggeret
Apa isih padha krungu?
Yen ora salah ijeh krungu nalikane
limalas taun kepungkur
Saiki
suwara apa sing kerep krungu?
Suwarane
wong padu
Apa
suwarane rakyat marang pemerintahe
Hahahahahhahaha,tapi
aja nganti edan merga suwara ya?
“Merga
sliramu”
Merga sliramu aku gelem
Gelem ngenteni sak balimu
Merga sliramu aku dadi
Dadi gendheng ora karuan
Merga
sliramu aku kangen
Kangen
mangan pecel ing pinggir balai
Merga
sliramu aku mati
Mati
rasa ora kaya biasane
“Eling”
Eling jaman semana
Nuntun pit onthel bareng
Bareng-bareng njegur sawah
Nganti ora ngerti wayah
Eling
jaman semana
Kelas
loro SMA ing kecamatan
Mlaku
menyang kantin wong loro
Menyang
perpustakaan wong loro
Saiki wes padha omah-omah
Awakmu karo jodhomu
Aku karo jodhoku
Sing penting eling jaman semana awakmu
karo aku
“Globalisasi”
Iki jaman globalisasi
Akeh bocah ora gelem ngaji
Senengane ngemek gadget ndelengi tipi
Sing ditiru wong luar negeri
Rok
mini diuri-uri
Geguritan,kethoprak,ngrawit
dadi sambi
Klambi
katon udele dilestarike
Kon
gotong royong akeh alesane
Globalisasi...globalisasi
Sapa katut bisa dituntut
Globalisasi...globalisasi
Kok ngayelke ati
“Kanca”
Kancaku sak panggonan turu
Turu bareng ing omah cilik
Susah seneng bareng-bareng
Luru pangan ya sambatan
Kanca
kuwi sedulur cepakku
Sing
adoh saka wong tuwaku
Muga-muga
kancaku pada rukun satuhu
Waras
awake waras pikirane
“Terminal
kalisidi”
Anggonmu lunga sing dadi saksi
Saksi janji arep mulih ing sasi siji
Terminal kalisidi isih ngadek ndegegeg
Saksi bisu janji lamismu
Saiki
nendi ragamu
Wes
ora katon ing terminal iki
Apa
wus dadi wong sugih kok ora mulih
“Loby
B8”
Njagong isng sisih kiwa saka njaba
Nyawang aku sing mlaku menyang lantai
telu
Karepe pengin kirim salam
Nanging isin karo kahanan
Rupamu
kaya bintang pilem
Nanging
jarene..
Orapapa
sing penting loby B8 dadi panggonan
Panggonan
wiwit ketemu awakmu
“Ora
mesthi”
Ora mesthi sing apik kuwi ala
Sing ala kuwi apik
Saiki akeh wong sing njobo apik
Njerone reget
Mboh
napa kok bisa ngono
Apa
wis watake?
Nanging
pas ketemu kok apike sing ditoke
Ora
alane sisan wae
“Rendhengmu
dikangeni”
Wus radha dawa anggonmu ora ana
Wus radha suwi banyumu tekan ana bumi
iki
Mangasmu wus dianti-anti
Karo dulurmu ing ngisor iki
Ndang
sabana ya?
Kabeh
padha ana perlu
Gawe
nyambung uripe
Uripe
sing kaya liyane
“Konservasi”
Jerene konservasi?
Kok isih ana sampah ing kalen
Jarene konservasi?
Kok wit-witan ditegori
Konservasi
mung dadi embel-embel
Ben
nduwe jeneng luwih saka tunggale
Konservasine
diganti wae
Dadi
konsere wong gendheng
“Kahanane”
Kuthane apik ndesane kosek
Dalane aspal ndesane gampang
Kahane sing tak rasake
Apa sing marai sugih ki kuthane?
Nanging
yen tak kira ya ndesane
Beras,kopi,jagung,saka
endi
Kabeh
kuwi ya hasile wong ndesa
Ngopo
pembangunan kok ora digateke
“Sakkarepe”
Sak karepe meh dipiyeke
Sak karepe meh diomong piye
Penting aku ora ana sangkut paute karo
kowe
Ora tau ngurusi urusanmu
Ja
meneh dolan bareng
Makani
aku wae ora tahu
Ben
sak karepe
Sing
penting ora mencla-mencle
“12
Taun”
Wis dicanangke pendidikan wajib 12 taun
Nanging apa kang nyebabke pendidikan ora
payu
Sak ngertiku 12 taun sekolah kuwi wis
gratis
Nanging tetep wae ora payu
Lha
kok bisa?
Jarene
sing ana gayutane golek dhuwit carane pengemis
Munine
sumbangan sukarela
Nyatane
kok minimale rong juta
“Tembang
cilikanku”
Tembang cilikanku wus ora krungu
Lir ilir,padang mbulan
Kuwi judul tembangku
Nalikane aku kelas telu
Saiki
gantine Aku mah apa atuh
Judul
lagu kanggone wong gedhe
Tembang
cilikanku dirumati sapa
Yen
ora adhi-adhi sak ngisoranku
“Musibah”
Musibah ora bakal teka
Yen ora diundang
Musibah ora marake susah
Yen ora digugah
Musibah
saiki akeh sing digawe
Nanging
pada sedih ing tembe burine
Lha
karepe ki piye?
Manungsane
pada gedheg-gedheg wae
“Ekspor”
Mature sulaiman wis wani ekspor
Jagunge sakjuta ton
Berase rongjuta ton
Kopine limangngatus ewu ton
Ekspore
wis dibeneake
Devisane
wis bakal gedhe
Ora
ketang utang ijeh mrana mrene
Sing
penting bisa nyaure
“Tkw”
Adoh anak bojone
Adoh simbok lan bapane
Adoh saka tangga teparone
Mung golek pangupa jiwane
Ing
negarane dadi kere
Sakwise
mulih dadi Tkw
Akeh
dhuwite
Lan
cepet sugihe
“Pawarta”
Pawarta ingkang nembe tumut
Ngemutaken babagan rasa
Rasa bingah ingkang katah
Dumugi gantos rasa susah
Pawarta
ing pungkasan
Pawarta
mijil saking ati
Ngraosaken
kahanan ingkang boten mesthi
Ananing,purun
boten purun ingginh diraosaken
“Muni
saka cangkem”
Woi...woi...woi
Tulung,tulung,tulung
Dadaku seseg,irungku bumpet
Langit katon mak prepet
Cangkemku
muni salju...salju...salju
Nanging,Kok
ora bening tur anyes
Aku
takon karo sisihku,iki ana apa?
Jawabne
mung ngelusi dada
“Namung
tembang”
Namung tembang sakmenika
Tembangipun dhandhanggula
Larasipun laras slendro pathet sanga
Wiwitane larasipun “RO”
Nyariosaken
babagan maguru
Maguru
pados nglemu
Kaliyan
guru kang becik martabtipun
Sakmenika
ingkang pantes dipun kawruhi
“Purnama
pratandha tresna”
Ing sasi sura iki
Nyeywuwun berkahing Gusti
Linambaran rasa syukur
Merga ntes nemokake widodari
Alise
nanggal sepisan
Nalikane
ketemu papasan
Irunge
mancung tandha katresnan
Lambene
abang kaya las-lasan
Saknalika tresna kudu tresna
Namung sapisan nyawang
Naning ora dinyana
Purnama iki tandha katresnan
“Ngisor lan dhuwur”
Kasunyatane
ana ing pandelenganku
Sing
ing ndhuwur Omahe gedhe manggrung-manggrung
Sing
ing ngisor omahe cilik kaya wc umum
Endhi
sing jenenge “MENSEJAHTERAKAN RAKYAT”
Yen kabeh kuwi pada sawangane yo
kepenak
Ora ana
iren-irenan,serik-serikan,uga paten-patenan
Dhuwurmu merga ana sing ing ngisormu
Dadi aja kemlinti yen gek neng
dhuwur,neg ora pengen ajur
“Kertas
Dadi Tangisan”
Mulih kuliyah ati sumringah
Saktekane lawang ana kresek dicantelke
gembokan
Nyelehke tas ing jubin putih
Banjur mbuka isine kresek mau
Jebul
isine tulisan layang
Layang
sing tak kira layang tresna
Jebulane
layang sing marake lara
Layangmu
muni AKU PENGEN PISAH KARO AWAKMU!
“Aja
salahke”
Aja salahke sing nonton udelmu
Yen kaose adhimu ijeh mok enggo
Aja salahke sing ndemek
Yen bolongan ing bokong mlotrok
Ngko
munimu kurang ajar
Nyatane
yo mbok ajari to nduk
Wong
kok ora gelem mikir
Mikira
yen kabeh mau tetep ana jalarane
“Seje
ati seje lati”
Apa sing tak rasake pancen bener
Tuluse tresnaku marang awakmu
Dibales cidra kang marai lara
Pancene bener bayanganku
Seje
atimu seje latimu
Dekbiyen
ngomong janji suci
Tibane
buri janjimu palsu
Oalah
mung ngedemke atiku
Solah bawamu,wicaramu,lugumu ing
ngarepku
Beda ing mburiku
Saiki wes kana sakkarep-karepmu
Aku wes madhep mantheb ora kepengen
kenal awakmu
“Aluwung
meneng”
Menawi boten mangertos menapa-menapa
Leresipun nggeh mendhel kemawon
Ampun ngantos sok keminter
Mundhak mangkih dados keblinger
Bilih
badhe matur inggih wonten dasaripun
Boten
asal matur nganti-nganti nglantur
Becikipun
inggihb menika sekedhik matur
Dados
boten wonten aranipun kemaki
“Sing
waras ora laras”
Saiki akeh sing ora pati laras
Wong waras ora laras
Wong gendheng dadi pitakonan nomer
Nomer togel sing marai mangkel
Ngimpi
jaran jare sewelas
Ngimpi
gigal seko amben jare meh enthuk cilaka
Tulunga
dipikir kanthi bener
Ben
ora dadi mumet
Sing waras yo digunake warase
Sing gendheng yo ben gendheng
Apa pengin dadi gendheng
Ora klambinan,ora katokan lan ora
sempakkan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar