Kamis, 17 Desember 2015

Kawruh jawa

Nilai Hakekat Mistik Kejawen

“Urip ing ngalam dunya, ora liya mung pinangka kanggo netepi titahing Gusti”
Pucung (Pupuh III: Serat Wredhatama):

“Ngelmu iku / Kalakone kanthi laku / Lekase lawan kas / Tegese kas nyantosani / Setya budya pangkese dur angkara”

“Angkara gung / Neng angga anggung gumulung / Gegolonganira / Triloka lekeri kongsi
/ Yen den umbar ambabar dadi rubeda.”

“Beda lamun kang wus sengsem / Reh ngasamun / Semune ngaksama  / Sasamane bangsa sisip / Sarwa sareh saking mardi martatama”

Taman limut / Durgameng tyas kang weh limput / Karem ing karamat
/ Karana karoban ing sih / Sihing sukma ngrebda saardi pengira”

“Yeku patut tinulat tulat tinurut / Sapituduhira / Aja kaya jaman mangkin / Keh pra mudha mundhi diri lapal makna”

“Durung becus kesusu selak besus / Amaknani rapal / Kaya sayid weton mesir / Pendhak pendhak angendhak / Gunaning jalma”

“Kang kadyeku / Kalebu wong ngaku aku / akale alangka / Elok Jawane denmohi
/ Paksa langkah ngangkah met kawruh ing Mekah”

“Nora weruh / rosing rasa kang rinuruh / lumeketing angga / anggere padha marsudi
/ kana kene kaanane nora beda”

“Uger lugu / Den ta mrih pralebdeng kalbu / Yen kabul kabuki / Ing drajat kajating urip
/ Kaya kang wus winahya sekar srinata”

“Basa ngelmu / Mupakate lan panemune / Pasahe lan tapa / Yen satriya tanah Jawi
/ Kuna kuna kang ginilut tripakara”

“Lila lamun / kelangan nora gegetun / Trima yen ketaman / Sakserik sameng dumadi
/ Tri legawa nalangsa srah ing Bathara”

“Bathara gung / Inguger graning jajantung / Jenek Hyang wisesa / Sanapasenedan suci
/ Nora kaya si mudha mudhar angkara Tuhan Maha Agung.”

“Nora uwus / Kareme anguwus uwus / Uwose tan ana / Mung janjine muring muring / Kaya buta buteng betah anganiaya “

“Sakeh luput / Ing angga tansah linimput / Linimpet ing sabda / Narka tan ana udani
/ Lumuh ala ardane ginawa gada”

“Durung punjul / Ing kawruh kaselak jujul / Kaseselan hawa / Cupet kapepetan pamrih
/ tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa”


blogkejawen.blogspot.co.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar